Selasa, 22 Maret 2016

PROSESI BOYONG UMAH KAWRUH JENDRA HAYUNINGRAT

Kutiban Dialog Boyong Omah (Mangkate)
(Nilaraken Bale-Griya Lawas)

Punggawa I :
“Para Sederek, Sumangga kita wiwiti pasemeden nderek aken jengkaripun sederek kita :
kakang emas ..............................................
tuwin garwanipun inggih punika
mbak Ayu ...................................................
soho putra, putri lan kulawarganipun sedaya ingkang bade sesarengan ngalemboro, saperlu padhos santosaning gesang ing jagad padhang miwah sampurnaning gesang bilih sampun tuniba titi wancinipun tumuju ing jaman kalanggengan”
Punggawa II :
“Sumangga kita derek-aken lampahipun kulawarga ingkang bade ngalemboro, kanthi kawiwitan asung dhahar ngobong dupo soho maos mantra pandonga. Murih nganten sarimbit dadoso pujangga, supados sak kulawargo pikantuk kaslametan, kasantosan, karaharjan tuwin kabahagyan”
Punggawa I : (maos mantra ngobong dupa, dipun lajengaken ngobong dupa sak cekapipun)
Punggawa II : “Sumangga kita maos mantra sowan Gusti”
Punggawa, Pujangga tuwin sedaya Para Rawuh : “ Niyat ingsun ngukup madahi jayaning ratu, winadahan cupu kencana mulya (3X)”
Pinisepuh : (nyawiji)

Punggawa, Pujangga tuwin sedaya Para Rawuh :
Adam sumingkir, Eyang Wongsodjono rawuh, Kanjeng Gusti wis ana kene.

Calon Pujangga : (sarimbit)
“Urubing dhatolah metu murup, Kanjeng Gusti mobah sak jroning ambegan, Kanjeng Guru Sejati mosik sak jroning ati. Iya rasa, iya rasul, iya rasane pangeran. Duh pangeran, kawula (sarimbit) nyuwun idi palila paduka. Kawula (sarimbit) bade ngalemboro, kawula bade pados padhang (pangan) lan sandang. Kagem kasantosanipun gesang bebrayatan kawula.

Pinisepuh : (dhawuh, dapukan Pujangga dan memberi bekal mantra)

Punggawa I : (Dhawuh Pinisepuh “ iki mantrane yen siro arep golek banda”, bilih Pujangganipun pegawai utawi ngawula.)
Marcana masidem, sapi gumarang kang kanggo nyaur utang, kebo dungkol kang kanggo macul, nini kang ngideri, kaki kang mijeni. Methik sandang pangane Sri lan Sedana, kang sunduk kembang mulya. Sri lan Sedana kang ono ing tegil kepanasan, kula bekta wangsul dateng gedhong pangayoman, aja obah, aja polah yen ora ingsun kang ngobahake.

Punggawa I : (Dhawuhipun Pinisepuh “ iki mantrane yen siro arep munggah derajad”, bilih Pujangganipun pegawai utawi ngawula.)
Nugrahaning derajad kang kekunci ing sajroning peti purusani, soroge roso sejati, sang Hyang Wongsodjono wus nurunake tanda mubyar kekuncung iket udenge. Cahyo mancur umanjing jiwa ragaku, kanigara sabuk benang boro-boro, tumurune payung agung, wis tinampan roh rabani. Allahumma Darajati Turunsih.

Punggawa II : (Dhawuhipun Pinisepuh “ iki mantrane yen siro arep bebakulan”, bilih Pujangganipun dagang utawi bakul)
Niyat ingsun bebakulan dedagangan, sing adol lan sing tuku kipo-kipo. Sing adol murah, sing tuku nglarangi, kemrubut kayak tekane tawon agung.

Pujangga : “matur nuwun Kanjeng Gusti, Dumateng sedaya piwulangipun, ananging bilih kawula pinanggi mungsuh, kados pundi panyuwunan kawula”

Punggawa I : (Dhawuhipun Pinisepuh “ iki mantrane yen siro arep ngadepi uwong akeh”, bilih Pujangganipun dagang, pegawai utawi ngawula.)
Ingsun muja pepujiningsun, sarining bumi, sarining banyu, sarining angin.   ,‘Sun racut dadi salira tunggal, amoro kumandhang swaraningsun, manjinga cahya-ningsun, dadiyo paningal ingsun, daya pangrunguningsun, lepas pangganda-ningsun,  rame pamicaraningsun. Iya ingsun manungsa sejati, gustine manungso kabeh. Rep sirep tan ono wani marang ingsun.

Punggawa I : (Dhawuhipun Pinisepuh “ iki mantrane yen siro arep mbalek’ake penggaweane uwong kang seja olo”, bilih Pujangganipun dagang, pegawai utawi ngawula.)
Allahumma dayandaya walia rahina kang dendaya, balio kang dendaya. Nulak kalebu nulak penggawe olo. Ingsun bolak-balik sumpah luput sing diarah, baliyo marang kang ngarah ingsun.

Pinisepuh : “Angger, enggal tumindak’o, wis pepak sanguniro, wis jangkep sandinganiro. Iki sapu sodo kanggo resik-resik papan angker lan wingit kang arep siro ambah, iki bantal kloso kanggo sare-niro, iki pedaringan kanggo kacukupan padhang lan sandang iro ing anggone ngalemboro.”

Pujangga : “Ngaturaken sukem, kawula nyuwun idi bade pamit, kawula nyuwun berkah”

Pinisepuh : “ Wis tumurun berkah saka Ngayugjokartao kapindo, saperlu paring tentrem, rahayu, slamet, tinggalen kabeh watek olo tuwin tumindak olo, suksma cacat lan sakabehing karmane leluhur. Iki sangune lan gembolane, mawujud sahadat Kencono, yen siro gowo mati nyegeri, yen siro gowo urip nguripi. budhalo, kanthi jejak bumi kaping telu” (Tiup ubun-ubun 3x).

Pujangga : (Jejak bumi 3x banjur mangkat.....)

Wekasan Kagem Ngisi Wegdal Jengkar
10 SHILA SUTASOMA
Karya Mpu Tantular

1. Aja Sira Anlarani Hati Nin Non
Jangan Menyakiti Perasaan Orang Lain (dan jangan mengacaukan pikiran orang lain)
2. Aja Amidanda Tan Sabenere
janganlah menjatuhkan hukuman yang tidak adil
3. Aja Amalat Duwe Nin Wadwa Nira
Janganlah menjarah harta rakyatmu
4. Aja Tan Asih In daridra
Janganlah menunda kebaikan terhadap mereka yang kurang beruntung
5. Luluta Rin Pandita
Mengabdilah pada mereka yang sadar
6. Aja Sira Katungkul Ing Kagunan, Amujya Nabhaktya
Janganlah menjadi sombong, walau banyak orang menghormatimu
7. Aja Memateni Yen Tan Sabenere
Janganlah menjatuhkan hukuman mati, kecuali menjadi tuntutan keadilan
8. Utama Si Yen Sira Akalisa Rin Pati,
Adalah yang terbaik, jika kau tidak takut mati,
9. Sampuraha Rin Tiwas
dan bersabar dalam keadaan susah
10. Anulaha Sama Dana Aja apilih Jana
(adalah yang terbaik) Jika kau berjiwa besar dan memberi tanpa pilih kasih.


Salam _/\_ Rahayu


 
Kutipan Dialog Boyong Omah
(Masuk Rumah Baru)

Pujangga (tamu yang akan menjadi calon penghuni) : “ Salam _/\_ Rahayu Eyang.....”

Kyai dan Nyai Danyang (sebagai penunggu rumah baru)  : “ Salam _/\_ Rahayu, sapa ya?.. ”

Pujangga : “Badhe nyuwun pirsa, papan mriki punika griya-palenggahanipun sinten nggih ?..”

Kyai dan Nyai Danyang :
“Oh..., Lah iki suwargo-keprabon Hingsun, ananging sedelok engkas Hingsun parengaken marang nganten sarimbit kang priyayine paring asma ........…..............” atau menyesuaikan situasi keluarga (janda, duda atau masih bujangan)

Pujangga :
“Lajeng ing mriki punika klebet bumi pundi?........”
6) Kyai dan Nyai Danyang :
 “Oh....ing kene iki kasebut bumi Sugih Waras.....ngger!”

Pujangga :
“nyuwun duka sak derengipun Eyang, kok saget kasebat bumi Sugih Waras punika kados pundi liripun?”

Kyai dan Nyai Danyang :
“Oh … kaya mangkene ngger....,  pramula kasebut bumi Sugih Waras kuwi lirihe, sok sopo’o wahe ingkang ngalemboro banjur tumeko ing papan kene, bakal pikantuk kesarasan soho kawusadan lelarane. Saugo, sopo’o wahe ingkang menggen ing bumi kene bakal pikantuk kasugihan, kapribawan soho kemakmuran. Hem angger, banjur sejatine siro iki sapa ta....?”

Pujangga :
“Menawi kulo punika tiyang kabur kanginan ingkang ngalemboro ngaler miwah ngidul, panggah dereng gadhah papan panggenan. Pramila anggen kula sowan punika, menawi kepareng, kawula badhe ngenger wonten ing bale-griya ngriki.”

Kyai dan Nyai Danyang :
“badhe ngenger? Punapa sampeyan krasan? Wong papan panggonane awon karomaneh nora apik kaya mangkene, pirsanana kahanae reget byanget, punapa malih Eyang iki norah nduwe opo-opo.”

Pujangga :
” Mugi Gusti kawula kraos. Kawula mangkat ngriki kalawau punika, sampun mbeta pirantos piyambang ingkang jangkep. Kados ta (sambil menyerahkan pada Nyai Danyang dan Nyai Danyang menyerahkan pada pengiring) : lampu teplok punika kangge pepajar anggen kula manggen lan pados pagesangan. Sapu sodo punika ingkang badhe kula-angge ngresiki sedaya rereget ingkang wonten ing sak lebet utawi sak jawinipun griya. Klasa lan bantal punika kula beta minangka pirantos anggen kula nyipeng wonten mriki supados saget tentrem rahayu sak kulawarga sedaya.

(khusus Pujangga  yang sarimbit) : Saugi punika Semah kula (sambil menepuk bahu istrinya) sampun mbeta pangan-padhang sak cekapipun, ingkang kangge nyekapi kabetahan kula sak kaluwarga (sambil menyerahkan pada Nyai Danyang dan Nyai Danyang menyerahkan pada pengiring). Saugi ingkang mboten kawon pentingipun, kula sakaluwarga punika sampun sangu Syahadat Kencana, minangka kangge sangu kula bebrayan, wiwit wonten ndonya ngantos dumugi akhiripun sekarat mengke. Amargi Syahadat Kencana punika, bilah dipun asta pejah bakal nyegeri, bilih dipun asta gesang bakal nguripi ”

Kyai dan Nyai Danyang :
“yen sakabehing piranti wus jangkep angger, Eyang nduwe siji panyuwunan maneh.

13) Pujangga :
”Panyuwun arupi punopo punika Eyang....?”

Nyai Danyang :
“Iki ana tigan peksi kang wus kaisenan sukmane brekasaan, demit prayangan, demit anakan, soho kaisenan sukmane calimut, maling-kecu lan rampok. Njajal pidhak’en, yen siro sarimbet bisa midhak nganti pecah, kuwi mratandani sakabehing sukmo-sukmo nasar kang dadi memolone bale-griya iki, wus ana ing sak ngisore dlamakan sampean iro. Kuwi artine siro kang dadi panguwasa marang suksma-suksma kuwi ing sak jroning siro ngenger marang Ingsun ing kene. 

Nyai Danyang : ngaturi tigan peksi (ayam) dumateng Kyai Danyang.

Kyai Danyang : (sambil membungkuk meletakan telor ayam).
 “ Angger (sarimbit), mangga sampeyan pidak tigan iki nganti pecah” 

Pujangga : (Jempol kaki kanan manten pria dan jempol kiri manten wanita atau sebaliknya, menginjak telor ayam hingga pecah dan diawali dengan berdoa terlebih dahulu.)
Setelah telor pecah, kaki Pujangga di bersihkan oleh dayang-dayang atau putra putri dari lumuran isi telor. Lalu Pujangga maju selangkah melewati pintu / pembatas dan duduk jengkeng dihadapan Kyai Danyang dan Nyai Danyang.

Kyai Danyang :
 “Hingsun pasrahaken marang siro he nganten sarimbit, lumantar sira kersa ngenger hana kene. Ingon-ingon Hingsun bakal manut marang sakabehing kersa siro, iya sregep paring paweweh kang mawujud banda-brana, kapribawan, kasarasan lan mangayubayo.
Haja sira agawe pijer tangis, geger-geger soho bentheng-ceweng marang semahiro, tansah tresno lan tinesranan, setyo tuhu reruntungan. haja sira jengkar saka kene, yen durung handuwe panggonan kang luwih gedi soho apik’e ngungkuli saka kene.
“Angger, bale-griya iki ngono, sejatine suwargo Hingsun, ananging sak iki sun pasrahake marang siro miwah sak anak-putu iro bab kalestariane” (ubun-ubun pujangga / sarimbit ditiup)

Pujangga (sarimbit) beserta semua tamu masuk kedalam rumah, menyaksikan dilangsungkannya upacara kenduri dipimpin oleh Pinisepuh, sekaligus sebagai pemimpin doa syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa


Salam _/\_ Rahayu

Tidak ada komentar: